Gokil Series: Guplong dan Batu Akik

close
Kali ini gokil series hadir dalam bahasa jawa. Langsung saja

GUPLONG KEDANAN WATU AKIK

Siki jan sing jenenge watu akik lagi booming pisan,salah sijine wong sing lagi kedanan watu yah si Guplong.Bar olih inpo sekang Dakem ,si Jendol kanca lawase dadi juragan watu ,langsung di tilpon henpune jendol.

GUPLONG :"Haloo...ndol...!! sombong kowe yah,wis sukses dadi juragan watu ora kabar -kabari nyong..!!"
JENDOL :"Lah biasa baen plong..!! ko olih kabar sekang sapa nek aku dadi bakul watu..??"
GUPLONG :"Sekang Dakem wingi bar ketemu, jarene dagangan watumu laris pisan..! deneng kowe ora tawa maring nyong sih..??"
JENDOL :"Lah..nyong ora penak tawane koh plong...!!"
GUPLONG :"Kiyeh ndol..!! nyong siki koh demen pisan maring watu koh, nek ana sing apik kirimna papat apa lima yah..!!"
JENDOL :"Deneng akeh nemen ..?? Anu arep nggo sapa sih plong,nek arep di dol maning yah tek wei rega diskon ben kowe olih bathi ...??"
GUPLONG :"Yah..arep di nggo dewek lah ndol..!!"
JENDOL :"Seh..seh...seh..deneng kowe ndrawasi nemen plong..!! kiye sekalian di sogi jeneng apa ora ,nyong ora apal tanggal lairmu koh...!!"
GUPLONG :"Koh dipit ndol...!! kowe adol watu deneng ndadak takon jeneng karo tanggal lair, kuweh sing di dol watu apa ndol...??"
JENDOL :"Genah daganganku watu KIJING koh plong..!! sida pesen ora kiyeh.... mengko tek kirime...??"
GUPLONG :"#???????#"(kaget kosi kejengkang ngathang-ngathang)
Share on :